Saturday, August 26, 2006

Kemalingan

Kalih dinten kepengker, ndalemipun mbak Wanty dipun satroni maling, pernahipun dinten Jumaat kala siang. Tiyang ingkang tindhak culika punika mboten mlebet saking konten ngajeng ananging saking jendela wingking persisipun saking pawon. Kawat kasanipun dipun kekrek mawi peso lan malingipun mbrobot mlebet lan ngudal-udal sakisinipun griya mboten kanten-kantenan. Lemari dipun obrak-abrik lan ingkang dipun pendhet kaliyan malingipun inggih punika laptop, arta, koleksi jamipun mbak Wanty.

Mesakaken sanged mbak Wanty dipun penggarap maling kados punika, mugi-mugi kaparingan kakiyatan saking Ingkang Moho Kuwaos.

Polisi sampun dugi lan nemokaken sidik jarinipun maling wonten meja pawon ananging tangga kiwo nengen mboten mangertos menawi wonten kedadosan kemalingan ing dina wayah awan ndrandhang punika.